Adat Manten Osing Desa Kemiren

Banyuwangi duwe adat penganten dhewek. Adat iku tinggalane mbah buyut bengen kang diuri-uri sampek saiki. Adat penganten Banyuwangi iku bedho ambi adat-adat penganten teka dhaerah liya. Kadhung ditakoni kapan adat Penganten Banyuwangi kawit ana, njawabe rada angel. Polahe kudu ana penelitlan ilmiah kang keneng dipercaya lan diterima secara akademis. Naming kadhung diteliti entheng- enthengan kelawan takon nyang para sepuh, ana jawaban kang keneng dienggo gandholan lan penjelasane para sepuh kaya kang diterangaken ring ngisor iki. Dadi tulisan iki sumbere teka ceritane para sepuh, terus teka pengalaman, utamane pengalaman penulis kumpul ambi dulur-dulur Kemiren lan tulisan- tulisan soal penganten Using sedurunge.
 
 
Pengantene wong Using ku biyasahe paesemung sepisan, yaiku nalika arep surup baen. Tata rias penganten wadon lan penganten lanang ana adate kang wis maton.Dene tata rias utawa paes penganten wadon iku ana telung perkara, kaya kang diterangaken ring isor iki, yaiku:
 1. Tata rias rai utawa wajah.
Tata rias rai utawa wajah yaiku maesi sakat teka nggelung, ngunis, lan masang lotho/medhaki. Dene tata rias rai iku ana papal maceme yaiku: nganggo lotho, nganggo jamang, nganggo anting-anting lan nganggo tasmak kadhung perlu.
Lotho kadhung jaman bengen digawe teka godhong katu hang dicampur ambi kunir Sedheng kunire iku baen kudu pecake hang dienggo ngethok tali puser. Kadhung saiki hang aran lotho iku wis uwah – uwahan kabeh antarane bahan lan modele.  Saiki lotho digawe teka kain beludru kelire cemeng. Modhele pesagi papat dawane 5 cm, diendoni monte cilik-cilik, dietap kaya kembeng lunglungan lan disisipi prada. Ring pajune diweni tali kiwa tengen, masange ditalekaken memburi liwat ndhuwure kuping. Gunane nganggo lotho iku mung supaya penganten wadon bener-bener taat lan tuhu Nong wong tuweke. Jamangan yaiku digawe teka kain beludru kelire cemeng, ditirus utawa dipotong kayä ulan sabit. Kain mau aju diendoni monte pisan kang kelire kuning emas lan abang. Carane nganggo, sakwise lotho dipasang buru jamangan dipasang, kaya dene masang lotho uga diuweni tali kiwa tengene. Gunane jamangan kanggo nambahi supaya penganten wadon katon lebih ayu maning.
Anting-anting hang dienggo penganten Using, digawe teka emas naming uga ana kang teka suwasa Kari ndeleng kemampuane uwonge baen. Kang sing kari, penganten Using biyasahe nganggo tasmak. kelire terserah si tukang paes.
2. Tata rias gelungan utawa sanggul.
Gelungan kang dienggo penganten Using diarane gelungan ronce. Bengen, gelungan iku langsung nganggo rambute dhewek. Saiki akeh-akehe nganggo uncal utawa cemara (rambut palsu). Carane nggawe rambut mau dipinte sulung terus dietap bunder gelungan kang didelehe kembang sundel, kembang wangsa, kembang goyang, gini ringgit, sekar pakis lan oncer-oncer. Kabeh mau nduweni maksud lan tujuwan yaiku penganten wadon gena katon ayu lan nduweni arti penganten wadon kudu tuhu an bekti nong kang lanang, wong tuweke lan nong agamane.
Tata rias kelambi utawa busana.
Tata nias kelambi ana petang bagean yaiku busana gulu kaya dene kalung, busana awak utawa badan kaya dene sarung, lungsuran, stagen utawa sabuk, kutang, selendhang, kebayak dawa, peniti ninggit emas lan korset.
Sarung utawa tapih kadhung penganten Using bengen nganggo tapih sutra Bugis lan mesti motipe latar abang kothak-kothak. Lungsuran utawa kain pecak uga dienggo ring
penganten Using. Sedurunge nganggo tapih, penganten wadon dienggoni Iungsuran utawa tapih hang wis luwas pecake emake. Kang artine supaya panganten wadon mau tetep enget nong emake.
Sabuk utawa astagen nganggone kaya umume yaiku sawise tapihan buru nganggo sabuk utawa stagen. Selendhange, biyasahe bengen nganggo kain cap hero kelire abang dawane 2 meter werane 40 cm. selendhang iki kanggone dienggo hiasan baen. Cara nganggone, tengeh-tengehe selendhang diselempitaken ring sabuk, terus pucuke selendhang digeningaken ngelewer ring nduwure pukang kiwa tengen.
Kebayake penganten Using bengen nganggo kebayak dawa nalika surup. Kebayak mau digawe teka kain beludru kelire cemeng. Ring pinggirane disulami bolak emas lan monte. Motip sulamane umume motip lunglungan. Dene sulamane hang ana ring pucuke kabayak biyasahe gambare kembang. Kebayak mau nganggo kuthu baru. Kebayak modhel gedigi iki dienggo ambi putrine raja. Dadi karepe makene kaya anake raja. Korsete penganten Using digawe teka kembang mawar lan kembang asparaga dipasang ring dhadha.
Busana tangan
Busana tangan ana telung bagean yaiku: kelat bahu, gelang lan ali-ali. Kelat bahu bahane teka kulit dibungkus ambi kain beludru kelire cemeng disulami ambi bolak emas dipasang ring Iengen kiwa lan tengen Gelang biyasahe teka emas, motipe tebu sekeret. Ali-ali teka emas dienggo kaya biyasahe wong nganggo ali-ali.
Busana sikil:
Sandhal motip lan bahane terserah paran duwene utawa dipantes ambi kelire kelambine.
Dene tata rias penganten lanang kaya penjelasan ngisor iki:
1. Tata rias rai/wajah
Magih kaya penganten wadon, sedurunge dipaesi penganten lanang dibuang sulung rambut bajange. Sakwise iku buru diwedhaki atal supaya katon mencorong. Samanne ku alis lan berengos kadhung duwe dikandeli ambi nganggo patelut, lan lambene dipaesi lipen, terus dienggoni tasmak.
2. Tata rias endhas
Kadhung penganten lanang kanggone wong Using sing kakehen macem-macem. Mung cukup nganggo blangkon modhel Solo naming sing nganggo mondholan mburi. Ring pinggire, ring ndhuwure kupinge diselempiti kembang sundel
3. Tata rias kelambi utawa busana
Tata busana penganten lanang Using meh padha ambi penganten wadon, naming ana bidane. Dene peragate antarane. celana, lembaran utawa sarung, selendhang, kelambi, selempang, sabuk, keris lan bros utawa kursase.
- Celanane penganten lanang Using biyasahe bengen nganggo beludru kang kelire cemeng lan polos sing nganggo sulaman paran paran
-  Lembaran utawa sarung kang dienggo parang barong motipe uris. Nganggone sawise nganggo celana, disarungaken kaya dene nganggo sarung mung baen pucuke tiba nong ngarep karo, terus ditekuk diendoni epek.
Selendhang kang dienggo padha ambi selendhange penganten wadon Teka bahan hero, dawane rong meter lan werane 40 cm. carane nganggo ya padha ambi penganten wadon. Ngelewer kiwa lan tengene sak ndhuwure pukang. Kelambi kang dienggo modhel biskap kelire cemeng kaine beludru. Pinggirane disulami bolak emas modhel lunglungan.
-  Selempange digawekaken teka kain beludru pisan lan disulami bolak emas, dawane mung sak meter werane limang senti. Nganggone kaya nganggo selempang umume, mung ring pucuke baen diendoni peniti.
-  Sabuk kang dienggo bahan lan modhele padha ambi selempang mau, ya disulami nganggo bolak emas motipe lunglungan.
- Keris kang dienggo penganten bengen gagange diendoni selendhang cilik. Keris ku setemene ngengetaken nong panganten lanang supaya nduweni pengadeg hang kuwat kaya kuwate keris aji mau.
- Korsase utawa bros bahane teka kembang mawar ambi godhong kembang asparaga, nganggone dipasang dhadha kiwa. Penganten lanang uga nganggo kalung teka ringgit lan
kembang sundel.
Peragate Penganten Kanggo Upacara Surup / Kawinan
Sadurunge ngelaksanakaken kawinan antarane calon penganten lan juru paes kudu nganakaken cecawis ragal (material) lan doa (spiritual). Bandha yaiku barang-barang kang diperlokaken nalika iku. Dene cecawis doa yaiku antarane sekabehe Iarangan-larangan kang bisa gawe batale upacara kudu ditaati.
Cecawise Juru Paes
Cecawis ragat yaiku nyiapaken penganggone para calon penganten lanang lan wadon. Dene cecawis doa yaiku tukang paes nyawisaken sajen utawa  peras kanggo waktu maesi penganten, uga ana kang ngelakoni puwasa, supaya apik lan selamet ulihe maesi. Denè perase yaiku: gedhang raja pelang lirang beras sak kilo, gula jawa, kelapa kang wis dipacaki lan diendoni bolak awe kinangan komplit. kembang telon dibungkus kang diselempiti ambi picis sak cukupe kang diarani sari. Peras iku kadhung wis man maesi digawa mulih ambi tukang paese.
Cecawise Penganten
ulan sak durunge upacara, penganten lana sing ulih menyang-menyang. Sebab nanggung kala. Limang dino sak durunge upacara, penganten wadon dipangur utawa diasab. Ngasab iku diiaksanakaken ambi tukang pangur.
Doane gedigi:
Wajah gumerem Iuwirgendhis, awetu kang cahya, saking gebyare waja, rema memeh wilis.
Artine:
Untune mencorong kaya mutiara,gemuyune manis kaya gula, awake katon mencorong merge teka mencoronge untu rupa kaya done serngenge, rambute cemeng gemilap.
Sakliyane ku pengantene dilurubi utawa diatali. Bahane: kunir, temu giring, godhong kemuning, godhong nangka hang kelire kuning kadhung bisa kang wis temebluk dhewek, godhong langsat hang temebluk dhewek, kencur lan beras. Kabeh bahan mau digerus lan diendoni banyu sithik. Nganggone dipulasaken nong awake penganten setengah diploroti supaya awedhak maujangget lan kulite katon rijig. Ngarepaken surup kira-kira kurang sedina, dianakaken tirakatan ambi maca lontar serat Yusup lan serat Dewi Jalehok.
Siraman Mbuwang Kena/Sangkal
Isuke kira-kira jam lima isuk calon penganten nong kali diedusi bareng. Tapi kaline kang mili. Calon penganten terus diedusi nganggo toya arum. Karepe adus iku supaya calon penganten selamet, lan nupane calon penganten bisa mencorong. Carane ngedusi, kawitane diedusi ambi dhukun penganten lan didoani. sawise iku buru para dulune utawa wang tuweke calon penganten milu ngedusi. Serta wis mari adus calon penganten lanang dikongkon mbuwang utawa ngelekaken celanane, terus kang dikongkon njuwut calon penganten wadon. Kang nduweni arti supaya calon penganten rukun kadhung umah-umah. Saliyane iku siraman iku nganggo peras utawa sajen yaiku: gedhang raja, beras sekilo, gula abang, kelapa kang diendoni bolak lawe, kinangan komplit, picis sari dibungkus kertas sak cukupe.
Peragate Penganten Nalika Arep Surup
Upacara temu manten kadhung cara Using diarani Surup. Merga ketemune penganten lanang lan wadon iku dianakaken waktu surup utawa lingsire serngenge ring kulon. Malah akeh-akehe ngarepaken magrib. Tahap-tahapane upacara surup iku yaiku: arak-arakan, sadhokan utawa disurupaken, borehan lan jejer. Arak-arakan Umume kadhung arep disurupaken ngarake penganten lanang lan wadon sing bareng. Penganten wadon nganteni ring pangonan surup, aju penganten lanang teka marani penganten wadon. Tapi kadhung ring Desa Kemiren bida maning. Penganten lanang lan wadon dipaesi bareng aju melaku diarak melaku nong panggonan surup kang biyasahe ring umahe penganten wadon Waktu arak-arakan iku penganten wadon dijolang utawa ditandu Penganten lanang nunggang jaran. Ring arak-arakan ku dikawiti ambi kesenian barong ring arep. Dene kelengkapane arak-arakan ku antarane: umbul umbul, peras suwun bantal kelasa (lamaran), penetep, ramesan, rantang, wanci kinangan sak sine, payung lan sak bokor banyu arum Penjelasane kaya ngisor iki:
- Umbul-umbule nganggo cagak papahe aren, ring pucuke disisani godhong sithik diwangun kaya kepet, hang perlune dienggo gantungane jajan kaya dene kerupuk abang jo, wajik, kucur lan sameceme jajan kang keneng ditaleni.
- Peras suwun, teka arane baen wis nduduhaken kadhung peras mau cara nggawane disuwun. Kabeh uba rampene penas diwadhahi ring irig gedhe utawa renggong digawe teka semate godhonge lirang dienam arang kaya welasah tapi cepak. Dene isine padha ambi peras-peras liyane mung baen ditambahi godhong-godhongan yaiku godhong andong, godhong kemuning, godhonge puring, godhonge kelampis, godhong suruh belang lan kembange jambe utawa mayang, uga godhonge alang-alang apa-apa. Saliyane iku magih ditambahi takir kang isine bawang abang bawang putih lan temu cemeng.
- Dene peragat lamaran, bantal lan guling iku digulung ambi kelasa hang teka mendong utawa pandhan. Cara nggawa kudu disuwun lan hang nggawa kudu lare magih lancing. Kabeh iku bantal lan guling iku nduweni arti, gok penganten lanang lan wadon iku wis dewasa jasmani lan rohanine saenggo sagah umah-umah.
- Penetep yaiku kendhi diwadhahi ambi bokor kuningan isine banyu putih. Penetep iki nduweni arti supaya penganten sekanone ulihe umah-umah bisa nduweni pikiran hang kening kaya keninge banyu kang ana ring njerone kendhi mau.
-  Wanci iku wadhah kinang,hang komplit ambi isine pisan yaiku: suruh, enjet, gambir, jambe lan bakok sisig. Kabeh iki nduweni anti supaya penganten sekeloron bisa ngerukunaken keluwangane karo.
-  Rantang meh padha ambi welasah naming bidane kadhung nantang digawe teka semate aren dienam arang-arang, cepak lan wera tinimbang welasah. Rantang iki kanggo wadhah tumpeng, akehe loro. Kelire abang lan putih komplit ambi iwake pisan. Maksude yaiku: tumpeng abang lan putih iku ngelambangaken rohe bapak lan emak. Dikarepaken supaya penganten sekelorone tetep enget nong wong tuweke lanang wadon.
-  Ramesan iku jajan cilik-cilik diwadhahi rantang kang ngelambangaken kumpule para keluwargane penganten lanang lan wadon. Nggawane penetep, -wand, nantang lan namesan iku didadekaken siji dikudhungi taplak hang digawe teka kari karine encit disambung-sambung.
- Payung dienggo nalika arak-arakan. Penganten karo dipayungi supaya aja kepanasan utawa kudanan, uga nduweni arti supaya penganten karo dijaga ambi Gusti Allah.
-   Toya arum iku kembang telon diwadhahi bokor diendoni banyu hang gunane dienggo borehane penganten.
-  Beras kuning yaiku beras hang kelire kuning, asale teka campurane beras tan banyune kunir, diwadhahi nong bokor kang artine supaya penganten diedohi batak lan belahi.
- Jolang utawa tandhu yaiku kursi penjalin kang dibungkus ambi kain iris, ring sendhenane diendoni janur kang digawe kaya gunung-gunungan, uga diendoni selendhang kang dikeleweraken biyasahe nganggo selendhang kelire kuning.
- Jaran kang ditunggangi penganten lanang biyasahe jaran kencak aju bisa njuged kadhung ditabuhi
Urut-urutane Arak-arakan
Paling ngarep dhewek pitik-pitikan utawa garudha, barong, tabuhane barong. umbut-umbul, peras suwun, bantal kelasa, penetep, ramesan, wanci lan rantang. Terus ring mburine barisan ku aju penganten wadon hang dijolang tan ring mburine penganten tanang kang nunggang jaran terus ditutup ambi keluwargane penganten.
Sadhokan utawa Surup
Sawise arak-arakan gadug ring arepe umah kang dienggo panggonane surup, penganten lanang tan wadon mudhun teka jolang lan jaran nuju njero umah (biyasahe ring njero terob). Penganten lanang ngadeg ring ndhuwure kelasa pandhan madhep nong kuwadhe, penganten wadon sabalike Dadi bisa adhep-adhepan ngidek tepis. Sawise iku dhukun penganten nyekel jempolane penganten lanang lan wadon aju ditemokaken. Dene kelasa lan tepis iku nduweni perlambang supaya penganen ring mburlan mbesok sing gampang keneng pengaruh tan sing nyeleweng
Borehan
Borehan yaiku sawise penganten disurupaken, penganten wadon dikongkon ngepus sikile penganten lanang ambi toya arum. Maksude supaya penganten wadon bekti lan nurut ambi kang lanang.
Jejer ( Lungguh ring kuwadhe )
Samarine acara borehan diterusaken ring acara jejer utawa lungguh ring kuwadhe. Kadhung bengen penganten loro dilungguhaken ring kuwadhe sewengi jampleng, naming kadung saiki kira-kira jam sanga penganten wis diedhunaken, kanggo nyalami para dhayoh. Jejer iku nduweni arti supaya penganten loro tetepa rukun ulihe umah-umah, dadiya sampek kaken kaken ninen-ninen

Sumber : Majalah Seblang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar